Kinanthi Sigaraning Ruh

Kinanthi Sigaraning Ruh*

(macapat kinanthi)


wanodyayu garwaningsun
pidhangetna kidung niki
sumedhot rasaning manah
sigar raga ruh nyawiji
tetepna patrap sumarah
mugi kinasih Hyang Widhi

sanadyan lampah sinandhung
tetegna tekading ati
sipating nepsu angkara
den kipatna jroning agni
awit sumarahing suksma
kuncining kabegjan jati


*Kaanggit kagem garwaningsun Rosalia Hening Wijayani

TS Pinang
Sumber : www.titiknol.com



Category Article