Dhandhang Gendhis Kagem Kinanthi

Dhandhang Gendhis Kagem Kinanthi

(macapat dhandhanggula)


duh yoganingsun laras kinanthi
catur purnami tinilar rama
dadi tambah lan manise
tansah sinandhing biyung
den pinayung kidung anjagi
tebih kabeh dhukita
lan pedhuting kalbu
tansah padhang kadya surya
hayunira cahya katresnan hyang widhi
kinanthi biyung bapa


TS Pinang
Sumber : www.titiknol.com



Category Article